.quickedit{ display:none; }

Kamis, 19 Januari 2012

Singiran K.H Abdurrohman Wahid (Gus Dur)

Ngawiti ingsun nglarak syi’iran                                                                   
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pritungan ….2X

Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro …2X

Akeh kang apal Qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekke
Yen isih kotor ati akale …2X

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho …2X

Ayo sedulur jo nglalek ake
Wajibe ngaji sak pranatane                
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine… 2X

Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane …2X

Alquran qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo… 2X
                                                                                                         
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman …2X

Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali …2X

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran …2X

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dak sio
Iku sunnahe Rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito …2X

Ayo nglakoni sakabehane
Allah kang ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate …2X

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese… 2X

Yaa Rosulalloh Salamun’alaik
Yaa rofi’assya ni wa daaroji
                  ‘Athfatayyaji rotal ‘alamii
                  Ya Uhai laljuu diwal karomi…2X




                              
 By: Mulya ramadhani al-habsy

0 komentar:

Posting Komentar